Wacan Eksposisi Gamelan Jawa


Pangerten Gamelan Jawa
       Gamelan iku salah sijine seni musik tetabuhan tradhisional asli saka Indonesia utamane ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenengan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amerika, Eropa lan tlatah liyane. Jinis musik tradhisional liya sing memper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
      Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasane kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgittariuyon-uyon. Jinise laras ing gamelan ana loro yaiku laras pelog lan laras slendra. Saben set gamelan nduweni instrumen kanggo laras pelog lan slendra.
      Gamelan yaiku seperangkat piranti musik sing terdiri saka : Rebab, Kendang, Peking (Gamelan), Bonang, Bonang panerus, Kenong lan Kethuk, Saron, Slenthem, Gender, Gong, Gambang, Siter, Demung, lan Suling. Komponen utama piranti musik gamelan yaiku : pring, logam, lan kayu. Masing-masing piranti nduweni guna dhewe jero pagelaran musik gamelan. Tembung Gamelan dhewe asale saka basa Jawa “gamel” sing nduwe arti nggebug / menabuh, dimeloni akhiran “an” sing dadekne dheweke dadi tembung benda. lagekne bebasan gamelan nduweni arti dadi siji kesijen piranti musik sing didolanke bareng.

A.    Sejarah Gamelan Jawa
       Musik gamelan duwe sajarah kang tuwa saumuran karo kasebare budaya Hindhu lan Budha ing Nusantara. Mligine nalika kawangune karajan-karajan gedhe kaya karajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindhu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang. Kagunan perkembangane musik Jawa iki kira-kira ana pas anane kentongan, rebab, tepukan tutuk saka anane gesekan ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.
       Ngrembakane musik gamelan diperkirakake nalika anane kenthongan, rebab, tepukan, banjur gesekan ing tali utawa pring tipis nganti tekan piranti musik kang digawe saka logam. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwe rong puteran ya iku slendro lan pelog. Slendro duwe limang nada saben oktaf ya iku 1 2 3 5 6 [C-D E+ G A]. Nadha slendro duwe interval kang kaceke mung sithik. Dene pelog duwe 7 nadha saben oktaf ya iku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E-F# G# A B] kanhti interval kang bedane utawa kaceke akeh. Komposisi musik gamelan digawe kanthi aturan-aturan kang gumahtok, ya iku gamelan ana rong puteran lan duwe pathet, ana watese sak gongan lan melodhine digawe ing unit kang kasusun saka 4 nadha.
       Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan piranti musik perkusi ya iku piranti musik ingkang ditabuh. Miturut basa Bali wonten istilah gambelan ingkang dados gamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang Guru ing warsa Saka, dewa ingkang mandhegani sadaya Tanah Jawa, kaliyan pura ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, balung kewan. Nalika ing jaman modheren sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi proses indhustri, ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih lan tembaga, ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi.

B.    Jinise Gamelan Jawa Miturut Larase
      Jinising gamelan miturut larase yaiku :
1.      Gamelan Laras Sléndro
      Sléndro utawa salendro iku salah siji titilaras ing gamelan. Saliyane slendro, ana uga titilaras pelog. Ana 5 swara (nada). Titilaras Slendro beda karo titilaras pelog. Ing slendro ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras slendro duwe 5 nada ing saben gembyang utawa oktaf, ya iku 1 2 3 5 6. Kanggo gampange asring dipadhakake karo C-D E+ G A ing titi laras kulonan. Siji lan sijine nada nduwe beda interval swara sing cilik.
a.       Asal-usul
      Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan sléndro wiwit ana ing tanah Jawa. Ana kang ngira yèn sléndro ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané sléndro karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina. Ing Bali, sléndro minangka kahanan sing sedhih, amarga asring dianggo bareng karo anglung kanggo acara ngobong mayit.

b.  Notasi
Angka
Pangucap
Jeneng
1
ji (siji)
barang
2
ro (loro)
Gulu
3
lu (telu)
Dhadha
5
ma (lima)
Lima
6
nem (enem)
Nenem
   
  c.   Watak lan Phatet
      Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi nem, sanga, lan manyura. Urutan iki lumrahé kanggo pagelaran wayang.
       Pathet nem
      Lumrahé ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dinggo ing swara kang cendhèk kanthi adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Sléndro pathet nem sareng pelog lima dianggo kanggo pagelaran wayang watara jam 21.00-24.00, wiwit jejer tekan perang prampogan utawa perang gagal.
        Pathet sanga
       Lumrahé ditulis sléndro sanga. Ana kalané uga disebut barang miring. Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi. Ing pagelaran wayang purwa pathet sanga iki digunakaké watara jam 24.00-03.00 wiwid jejer pandhita utawa wetuné Bambang tekan perang kembang.
        Pathet manyura
       Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro liyané, pathet manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog barang, pathet iki ing pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi watara jam 03.00-06.00 wiwit salebaré perang kembang tekan tancep kayon lan kanggo upacara-upacara mirunggan. Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu iku wis prak-ésuk.

      2.   Gamelan Laras Pélog
      Pélog iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyané Pelog, ana uga Slendra. Pelog béda karo Slendra , ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada ya iku 1 2 3 4 5 6 7.
      a.    Asal-Usul
      Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah Jawa. Para empu Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki. Nanging sing jelas, laras Pelog iku kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa. Amarga, asliné laras Gamelan ing Jawa iku biyèn mung slendra. 

b.   Notasi
Angka
Pangucap
Jeneng
1
ji (siji)
panunggul
2
ro (loro)
gulu
3
lu (telu)
dhadha
4
pat (papat)
pélog
5
ma (lima)
lima
6
nem (enem)
nem
7
pi (pitu)
barang








    
 c.   Watak lan Pathet
       Pathet Nem
      Lumrahé ditulis "Pelog Nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2 karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurungé tengah wengi.
       Pathet Lima
      Lumrahé ditulis "Pelog Lima". Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti tengah wengi.
       Pathet Barang
      Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog liyané, pathet Barang luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo Sléndra Manyura, pathet iki dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi, lan kanggo upacara-upacara mirunggan.

D.  Piranti Gamelan
      Piranti gamelan Jawa iku mèh kabèh / lumrahé digawé saka tosan (logam) antarané: wesi, tembaga campur rejasa (nikel), utawa perunggu, mliginé wilahe. Yèn grobogane utawa rancakané umum saka kayu. Bahan tambahan liya antarané pring, kulit (kanggo kendhang) lan liyané. Piranti gamelan sing ora ana kandhutan tosan iku mung kendhang, gambang, rebab, suling, siter uga tabuhe. Piranti gamelan bisa dikelompo'ake dadi 4 pérangan yaiku : 

1.      Gongan
  a.       Kethuk
       iku salah siji perangkat gamelan Jawa kang ditabuh. Bedha karo gong kang digantung, kenong iku diso'ake ing enggon kang fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirib karo kenong, bonang lan kempyang. Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang.

           b.      Kempyang
       
        Kempyang iku pérangan gamelan Jawa sing ditabuh. Kempyang iku disèlèhaké ana ing rancakan kang wis dipasangi pluntur minangka anjang-anjang, kaya déné kenong, bonang lan kethuk. Kempyang iki wujudé bunder ing tengahé nganggo pencon meh padha karo kethuk, mung waé béda titi laras.

          c.       Kenong

       Kenong iku salah siji perangkat gamelan Jawa kang ditabuh. Bedha karo gong kang digantung, kenong iku diso'ake ing enggon kang fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirib karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwé ukuran kang gedhé dhéwé. Diarani plencon saking kata pencon. Wujude kaya gong nanging luwih cilik lan mblendung wonten gendolan ing tengah permukaane, lan ditata jejeran.

         d.      Kempul

           Kempul iku salah sijiné perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya racaké perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul. Wujude kaya gong nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan pérangan tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm. Kempul ngetokake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur manèh.
         e.       Gong

         Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran kang gedhé dhéwé. Piranti iki racaké papané ing mburi dhéwé, digantung ing palangan gayor kang umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong ya iku: gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lan pelog duwé telung sèt gong. Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan. Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter,  lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwé swara kang gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané, ya iku kanthi nadha 3 (telu).
  
         f.        Kecer

         Kecèr iku salah siji piranti gamelan Jawa sing digawe saka tosan. Akeh piranti musik sing nduwe kemiripan karo kecèr uga ing piranti musik modern. Ing musik modern piranti iki biasa diarani cymbals. Ing kesenian Tionghoa, piranti iki dadi piranti utama kanggo nggawe suasana rame lan meriah. Carane ngeto'ake swara kecèr iki ana sing diadu uga ana sing ditabuh. Kecèr iku kudu sepasang, siji ing ndhuwur, sijine maneh ing ngisor. sing ing ngisor biasane wis disoake permanen, dadi sing diayun iku sing ing ndhuwur. Sepasang kecèr iku diso'ake ing grobogan utawa rancak sing wujude meh pada karo grobogan saron ning luwih cilik sithik. Keto'e iki piranti gamelan sing paling brisik ning yen ora ana swara kecèr malah dadi kurang rame utamane ing babak-babak lakon wayang tinentu.

2.  Balungan
a.    Demung
      
       Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda. Wilah saron demung iki paling gedhè ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa lan ambanè 9 Cm. Saron demung ndhuwé swara paling rendah ing kelompok saron.

      b.      Saron Barung

Saron barung iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron tengah-tengah yaiku antara peking lan demung. Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog barung lan slendro barung. 2 jinis piranti panerus iki nduwe laras beda-beda. Wilah saron barung iki luwih gedhe dibanding saron panerus ning luwih cilik dibanding saron demung. Wilah sing luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7. Saron barung nduwe swara luwih dhuwur se oktaf dibanding saron demung.
c.       Saron Panerus
      Saron panerus iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron panerus iku disokake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Ing laras slendro, saron panerus diarani Peking. Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog panerus lan slendro panerus. 2 jinis piranti panerus iki nduwé laras béda-béda. Penabuhé luwih cilik tinimbang penabuh saron liyané, sing apik digawe saka sungu kebo. Wilah saron panerus iki luwih cilik tinimbang saron barung lan demung nanging wilahé luwih kandel. Wilah sing luwih dhuwur swarané, ukurané luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7, sing paling cilik dawané watara 18 cm lan amba 4 cm. Saron panerus nduwé swara luwih dhuwur sak oktaf dibandingaké karo saron barung. Cara nabuh saron panerus kuwi béda karo carané nabuh saron lan demung, yaiku tikel loro saka tabuhan saron lan demung.

d.      Slenthem
      Slenthem salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon sing fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré ana tabung utawa silinder kanggo ngetokaké gema swarané. Miturut konstruksiné, slenthem iku kalebu kaluwarga gendér; utawa dijenengi gendér panembung. Nanging slenthem duweni bilah padha karo bilah saron; Slenthem oktafé paling ngisor yen ing klompok instrumen saron. Kaya demung lan saron barung, slenthem mainake lagu balungan karo wilah sing terbatas. Wujud slenthem iki meh padha karo gendér. Ananging gedhe wilahé luwih gedhe tinimbang gendér. Arupa lèmpèngan kuningan utawa wesi kang nduwéni titilaras. Lémpéngan iki kabentuk kanthi resonansi pring kanggo mbanteraké swara.

e.       Rebab
     
      Rebab iku piranti kang nyuwara saka ginèsèké senar lan senar. Rebab iku salah sawijine racikan gamelan kang cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab iku piranti musik saka Arab/Timur Tengah. Nanging, saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa. Saiki rebab wis asring digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa, nalika pentas wayang, kethoprak, lan ing langgam-langgam.

f.        Gender
         Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa ana ing gamelan pélog nduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing paling ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung sing luwih dhuwur.
      Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak. Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané mandheg.
      Ana ing pakeliran wayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing pagelaran wayang kulit ricikan gamelan gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang. Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.

Jenise gendèr kapérang dadi telu, yaiku :
      1.   Gendèr penembung yaiku gendèr sing paling gedhé.
           
      2.   Gendèr barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing ukurané sedhengan lan   titi nadhané saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus.
         
      3.  Gendèr penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi nadhané saoktaf luwih   dhuwur ketimbang gendèr barung.         
       
Rumusé nabuh gendèr utawa kunciné ana 12 jenis tabuhan, yaiku :
1.      Tabuhan gendèr gembyang mbukak
2.      Tabuhan gendèr gembyang nutup
3.      Tabuhan gendèr gembyang minggah
4.      Tabuhan gendèr gembyang mandha
5.      Tabuhan gendèr kempyung mbukak
6.      Tabuhan gendèr kempyung nutup
7.      Tabuhan gendèr kempyung minggah
8.      Tabuhan gendèr kempyung mandhap
9.      Tabuhan gendèr gantungan gembyang
10.    Tabuhan gendèr gantungan kempyung
11.    Tabuhan gendèr mipil
12.    Tabuhan gendèr imbal (kanggo lancaran, srepeg, palaran)

Saliyané iku ana rumus liya kang khusus digunakaké kanggo ngiringi suluk (pedhalangan) wayang, yaiku :
1.    Tabuhan gendèr pathetan
2.    Tabuhan gendèr ada-ada
3.    Tabuhan gendèr grambyangan
     
 3.    Panerusan
a.    Bonang
       Bonang iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore. Ana 2 jinis bonang yaiku:
1)      Bonang Barung
      
Bonang Barung yaiku salah sawijiné bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog. Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangaké ing tali kang diarani Pluntur.

2)      Bonang Panerus
  
Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku salah sawijining perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha karo Bonang barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur kang laras pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo kain lan Pluntur.

b.    Siter
      
      Siter iku piranti gamelan sing dipetik kaya gitar. Cacah senare ana 11 pasang utawa kadang 12 pasang. Siter iki fungsine pada karo Celempung.

c.    Suling
       
       Suling iku salah siji piranti musik sing disebul. Fungsiné kanggo nambah swara-swara ing melodi. Ing musik gamelan Jawa, suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pélog. Piranti musik suling iki uga lumrah dianggo ing gamelan Sundha. Digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter. Swara suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuénsi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.

d.   Gambang
      
      Gambang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa, lan gamelan Bali uga ing instrumèn musik liya kayadéné kulintang, sing digawé saka wilah-wilah kayu sing umumé cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing sadhuwuring kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan sijiné, wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing dilebokaké ing bolongan sing cacahé loro saben wilah.
    
 4.    Kendhang
 a.    Kendhang
       
        Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.
     Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
     Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané).
       Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
       Kendhang wayangan
       Kendhang batangan utawa ciblon
       Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur
      Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.







Komentar

  1. Las Vegas - Casino D&D
    Experience the thrill 천안 출장마사지 of Las Vegas at Casino D&D, 통영 출장안마 the premiere, 울산광역 출장마사지 interactive gaming destination in the Las Vegas metropolitan area. 시흥 출장샵 Experience immersive gaming What are the hours of 안동 출장안마 operation at the casino?Does the Casino D&D open?

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pengertian Dwimatra dan Unsur-unsurnya

Pengertian Nirmana dan Dwimatra beserta Unsur-unsurnya