Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2020

Wacan Eksposisi Gamelan Jawa

Gambar
Pangerten Gamelan Jawa        Gamelan iku salah sijine seni musik tetabuhan tradhisional asli saka Indonesia utamane ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenengan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amerika, Eropa lan tlatah liyane. Jinis musik tradhisional liya sing memper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.        Gamelan kalebu perangan ing  kabudayan   Jawa . Ing Jawa gamelan biyasane kanggo musik pangiring  pagelaran   wayang kulit  utawa  ringgit ,  tari ,  uyon-uyon . Jinise  laras  ing gamelan ana loro yaiku laras  pelog  lan laras  slendra . Saben set gamelan nduweni instrumen kanggo  laras   pelog  lan  slendra .       Gamelan yaiku seperangkat piranti musik sing terdiri saka : Rebab, Kendang, Peking (Gamelan), Bonang, Bonang panerus, Kenong lan Kethuk